Pawarta Basa Jawa
Untuk teman-teman yang mencari naskah berita bahasa Jawa. Kalian bisa menemukannya disini.Monggo..... Hehehe ("_")
SARI WARTA
Assalammualaikum Wr. Wb
Para pamirsa kula ngaturi pirsa pawarta bilih ing dinten Minggu tanggal 4 Juli 2010.
Menteri Kebudayaan lan Pariwisata Jero Wacik mbidhalaken ekspedisinipun baito tradhisional kanthi nami “Spirit of Majapahit” ingkang badhe lelayaran dateng wolung negari, kanthi upacara pambidhaling kapal damelanipun putra-putra Indonesia punika katindakaken ing dermaga Marina Batavia, Pelabuhan Sunda Kelapa, Jakarta Ler. Sadangunipun njlajah samodra lan mampir dateng negari setunggal lan setunggalipun, Spirit of Majapahit ngeban misi (jejibahan) kebudayaan lan perdamaian. Wondene negari-negari ingkang dados tujuanipun “Spirit of Majapahit” inggih punika Brunei, Malaysia, Filipina, Singapur, Cina, Vietnam, Jepang, Thailand.
Jero Wacik ngendikakaken, “Spirit of Majapahit” wujudaken baito tradhisional paling ageng ingkang natos dipun damel dening Indonesia. Sebab ukuran panjangipun baito 20 meter, wiyaripun 4,5 meter lan inggilipun 2 meter. Baito punika yasanipun perajin baito cacah 15 ing Pesisir Slopeng, Sumenep. Bahanipun arupi 28,63 kibik kajeng jatos ingkang mligi dipundatengaken saking Tuban lan Rembang. Wujudipun baito nyontho modhelipun baito jaman kerajaan Majapahit ing abad ka-13 masehi utawi kados ingkang wonten reliefe Candhi Borobudur. Spirit of Majapahit mujudaken baito tradhisional kaping kalih ingkang nglajari samodra. Saderengipun punika, Indonesia ugi natos gadhah baito Pinisi Nusantara kangge misi kebudayaan dhateng manca negari.
Wasana cekap semanten pawartos saking kula.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar